Sabtu, 05 Oktober 2013

ASAL USULE KUTHO BANYUWANGI




SAZA  :  HARITSA SYAMSA VAGANZA
SAZA
SAZA =  HARITSA SYAMSA VAGANZA
SMPN 2 PASURUAN - KELAS 7 A

              
                                                           
              
                                                           
                             

SAZA  :  Selamat datang di blog SA2AGAMES.BLOGSPOT.COM = Silakan browsing dan jangan lupa tinggalkan komentar Anda...!"
SAZA  :  SMPN 2 KOTA PASURUAN = IS THE BEST =
haritsa syamsa vaganza - saza
ASAL USULE KUTHO BANYUWANGI

Dhek jaman biyen ing tlatah Jawa Wetan ana raja ajejuluk Prabu Dindurejo. Sang Prabu duwe paih jenenge Patih Sidapaksa. Patih Sidapaksa mau kagungan garwo sing ayu lan lagi mbobot sepuh. Kajaba iku Patih Sidapaksa ugah isih kagungan ibu. Ibune iku nduweni watak angkuh lan kejem. Dheweke gething banget karo garwane Patih Sidapaksa.
                Ing sawijining dina ibune Patih Sidapaksa matur marang Sang Prabu Sindhurejo. Nyuwun supaya sang Prabu ngutus Patih Sidapaksa menyang gunung Ijen saperlu njupuk kembang Wijayakusuma. Sang Prabu ngubalke panyuwune Ibune Patih Sidapaksa  iku. Tenan, esuke Patih Sidapaksa ditimbali Sang Prabu Sindhureja. Mangkene pangandikane :  “Kakang Patih Sidapaksa, ojo wedi kangelan jeneng siro sun utus menyang gunung Ijen saperlu njupuk kembang Wijaya kusuma!”. Patih Sidapaksa ngendikani banjur budhal.
                Sapungkure Patih Sidapaksa menyang gunung Ijen, garwane babaran. Kayangapa bungahe atine garwane Patih Sidapaksa dene putrane miyos kakung. Kabungahan iki ora suwe, amarga ing sawijine wektu nalika sang putri lagi siran, putrane di colong deneng ibu maratuane. Jabang bayi mau digawa menyang kali banjur di jegurake.
SAZA =  HARITSA SYAMSA VAGANZA
NGERTI ABIIIIIIS


Sawise rong taun Patih Sidapaksa kondur. Ana ndalan dheweke di pethuki dening ibune. Diadul-aduli Manawa putrane di buang bojone menyang kali. Kaya ngapa dukane Patih Sidapaksa. Sanalika grawane dilarak arep diperjaya nganggo keris. Garwane nurut bae. Sadurunge diperjaya, dheweke kagungan panyuwun marang garwane, mangkene : “ Kang Sidapaksa, Kulo purun panjenengan perjaya, nanging kulo panjenengan bekta dhateng sapinggiring lepen !” sabanjure garwane enggal digawa menyang pinggir kali sing kanggo mbuwang putrane. Bareng wis tekan, Patih Sidapaksa ngendika, ” Yayi siiki buktekna Manawa jeneng sira ora salah ora mbuwang putra ningsun”.  Garwane mangsuli, “ Inggih Kakang mas, badhe Kula buktekaken !”. Garwane Patih Sidapaksa tumuli mlaku alon-alon mudhun menyang kali lan njegur. Sanalika iku sang putri musna ana ing sajroning banyu.
                Sailanging garwane iku ana wewujudan kembang cempaka cacahe loro, gedhe lan cilik njedhul saka njeron banyu. Kembang iku nyebarake ganda arum lan wangi. Kembang sing gedhe clathu, ” Kang mas Sidapaksa, sekar ingkang ageng punika kula dene ingkang alit punika putra panjenengan.”
                Sabanjure, kembang sing cilik mau matur, “ Rama, sejatosipun ingkang merjaya kula punika inggih Eyang piyambak”. Sawise omong mangkono, kembang cempaka sakrone banjur ambles ing sajruning banyu, kanthi ninggal ganda sing wangi. Kaya ngapa gela  lan sedhihing panggalihe Patih Sidapaksa. Mula kanggo pangeling-eling papan kono banjur di jenengi Banyuwangi. Tegese banyu sing  anggambarake ganda sing wangi.

Di ceritaake maneng menyang : HARITSA SYAMSA VAGANZA
SMPN 2 PASURUAN KELAS 7e 

NGERTI ABIIIIIIS

Tidak ada komentar :

Posting Komentar